Geguritane Sri Wijayati Endahe Wayah Esuk
Geguritane Sri Wijayati
Endahe Wayah Esuk
Langit katon ketutupan mendhung
Desa ing sapinggiring sawah katon asri
Akeh tanduran sing isih dhuwur-dhuwur
Mahanani hawa esuk krasa seger
Wit klapa, wit gayam, wit ketepeng, wit gori
Pucuk-pucuk godhonge katon obah angawe- ngawe
Kasempyok sumilire angin sing tumiyup alon-alon
Tanduran wit klapa akeh wohe
Wit kates uga akeh wohe
Tanduran lombok rawit wis katon awoh
Wit jagung Katon ijo royo- royo
Katon kembang jagung wis padha mekrok
Dalan - dalan desa sinawang katon asri
Udan grimis riwis-riwis esuk iki
Swarane pating tlethik kaya nembangke lelagon
Lelagon kangen kapan maneh bisa ketemu sliramu
Bantul, 16 September 2025:
0 Response to "Geguritane Sri Wijayati Endahe Wayah Esuk "
Posting Komentar